Sabtu, 16 Januari 2010

Lulusan IT Banyak Mengecewakan



"Banyak calon pelamar kerja di bidang teknologi informasi (TI) yang punya nilai akademis bagus. Namun anehnya, para pelamar ini banyak juga yang dianggap belum mampu menjawab kebutuhan perusahaan."

sumber: 
http://www.detikinet.com/read/2010/01/16/180830/1279897/398/lulusan-ti-banyak-yang-mengecewakan

Asli gedek-gedek aku delok berita model ngene iki. lho kok isok?? IPK-n apik-apik tapi bareng ditest delalah gak isok opo-opo... lha terus IPK dukur iku teko endhi asale??

mosok nilai dukur teko nggrandong nang makame mbah surip???

Aku ngene iki yo tahu ngerasakno kuliah, rek... sempet nyandang status mahasiswa. jadi aku yo sitik-sitik eruh, kok isok sampek onok kejadian koyok ngono. makane saiki terus terang aku paling mualess lek delok lowongan kerjo iku atek syarat model ngene " IPK Min 2,75". opo sing biasane onok nang lowongan-lowongan kerjone BUMN "IPK min. 3.00" walaaaaaahhhh.... asli benci aku!!

saiki lho, ngerti teko endhi lek IPK sakmono iku asli garapane dewe... lho sopo eruh lho...?? isok ae saiki carane iku gak jujur... contone... wakehhhh

onok kasuse sing disogok karo sepeda motor (sampe ditukokno range rover barang...) bayangno dosen mek ngajar mata kuliah sitok tok isok tuku montor koyok range rover, lah sak SKS iku dibayar piro lak ngono....

onok maneh sing disogok karo cewek, iki biasane kanggo dosen lanang... ben lancar disuguhi k*mpet mulus, akhire luluse yo mulus sak nilaine... lho iki temenan lho rek, malah diceritoni karo dewe karo dosene, masio ngomonge karo aku nolak, tp lek didelok raine sing koyok K*ntol jepat, aku gak percoyo lek de'e nolak ditawari koyok ngono...

durung maneh lek gowo joki, durung maneh saiki onok 1001 cara gawe ngerpek (sampe onok cewek lek ngerpek dideleh nang pupu barang, sampe-sampe lek onok lanang sing ndelok, bingung arep delok kerpekan opo delok tengahane pupu...)

wis tah sampek kapan nilai iku digawe kanggo patokan kerjo...!! nilai iku isok dimanipulasi rek!! sitok sing gak isok dimanipulasi... opo iku?

S.K.I.L.L.....!!!

iku sing gak isok dimanipulasi, lek ancen duwe skill, dikongkon kerjo pasti hasile nggena, lek ditest yo sak elek-eleke paling gak mari... tp sing penting isok. tapi lke gak duwe skill, dikongkon kerjo mek plonga-plongo, dites yo bingung tolah-toleh nggolek contohan...

Makane, saiki wis duduk jamane delok wong teko nilaine rek... tp teko skille... Bill Gates gak lulus kuliah, tp saiki duwe bawahan sing lulusan MIT... Mark Zuckerberg, sing nemokno facebook, akhir D.O. teko kampuse... tp deloken saiki sugihe koyok opo??? arep nyumet rokok ae ngobong duit kertas 100 dollar-an isok...

Mosok gak isin rek karo berita nang dukur iku... untung duduk aku sing kedadian koyok ngono...

aku iki duwe IPK sing jarene duduk standard kerjo, tp delalah saiki yo gak nganggur...

[Terusane...]

Senin, 11 Januari 2010

Suster Keramas - Asli Heboh Rek...!!

Wis tau delok film "Suster Keramas" durung rek...??

Film garapane Maxima Pictures iki dadi kont*lversial... eh salah, kontroversial... gara-garane nang film iku onok sing jenenge Rin Sakuragi, sing tibakno bintang film porno asal jepang...!!

Padahal iko film "Menculik Miyabi" sing sempet heboh gara-gara arep nekakno bintang film porno jepang sing terkenal nang Indonesia, Maria Ozawa alias Miyabi (soale nang jepange dewe, Miyabi tibake gak sepiro'o terkenal rek...). Akhire gara-gara akeh protes, Maxima Pictures batal gawe film iku, terus Miyabi gak sido nang Indonesia, terus penggemare miyabi nang indonesia sidone mek isok cenggur alias ngac*ng nganggur...(termasuk aku yoan... asu!)

Nah nang film Suster Keramas iki, ternyata ancen akeh adegan sing nggarakno wong ngelek idu... Rin Sakuragi nang kene ancen dituntut gawe ngelakoni adegan sing syur-syur, koyok adus nang air terjun gak klambenan, ngoco karo nyoplok BH, sampe striptease nang ngarepe bintang cowok liyone (bajingan! bati aktor iku!) inti ceritone yo gak adoh-adoh karo judule, yaitu Suster sing lagi keramas diintip... eh salah ding, yo cerito horor maksude...

Nang Balikpapan film iki wis dilarang, tp nang suroboyo ketoke adem ayem ae... embuh durung opo alasan liyone gak eruh aku. paling pemkot suroboyo yo penasaran karo film iki, hihihi... sopo eruh pikire isok ngundang Rin Sakuragi ngisi acara pitulasan nang taman surya... hahahahaha... Asu!

Timbang ngundang Rin Sakuragi, mending ngundang Miyabi senam SKJ massal nang tugu pahlawan, Oke beibeh..???

(Okkeeeeee..... jarene penonton, matane!! gak melu mbayar soale...)

[Terusane...]

Nang Suroboyo Wong Ganteng Gak Payu

Isuk-isuk pas budhal kantor biasane aku sempet-sempetno mampir nang Kantor KPU sing nang perempatane Mayjend Sungkono amben Adityawarman. Biasa arep Nyoto Daging, soale nang kono saben isuk onok soto daging sing rasane maknyus...

Nah pas enak-enak nyruput soto daging, moro-moro teko montor Pajero mlebu pelataran terus parkir kono. Gak suwe metu teko Pajero iku, cewek ayu, putih mulus, bodyne ramping koyok model... Juaaancooookkk, aku sampe keselek kerupuk pas delok!!...

Langsung ae tak sruput es teh-ku, ngobati keselekku... tibake iku kagete durung mari, marine cewek ayu iku metu, maringono metu maneh, cowoke... bareng delok cowoke... uwwwaaahhh... gak terimo keselek maneh, es teh-ku lsg tak semburno saking kagete...!!!

Tibake lanangane iku wis lemu, ireng, jerawaten, ndelalah koyok ngono iku yo jek urip pisan... wassyyuuuu... akhire saiki ketok pemandangan paling tragis sing pernah tak delok, cewek ayu, bodyne kyk model digandeng wong sing rupone koyok grandong ketubruk bis...!!


Sing koyok ngene iki, sing nggarai aku loro ati, sampek gak isok turu 3 dino. Kok yo isok arek sing tampange kyk ngono entuk cewek ayune model ngono... wedhusss, wedhusss...!!

Ternyata pemandangan tragis koyok ngono iku wis akeh nang suroboyo iki rek... kadang-kadang pas mlaku nang Mall ketok pisan pemandangan koyok ngono, renang nang Water Park, yo onok, nang restoran yo onok, malah sing luwih parah onok fotone nang FB, cewek ayu dempet2an pipi karo wong sing rupone koyok rajatakur...

Wong ganteng saiki gak payu rek...

Saiki opo'o sebabe cewek-cewek koyok ngono gelem digandeng karo jelmaan asu ireng... soale keakehane sing lanang pancen modal duit rek... biasane lanangane iku anake pejabat opo konglomerat, makane ceweke seneng ae digandeng karo jelmaan su, wis gak peduli kenek rabies... sing penting kenek kipatane satusewuan wis seneng...

Aku iki sing merasa ganteng (hoek sorrr...) akhire mek isok nerimo kenyataan koyok ngono. asline pengen misuh-misuh tapi yo percuma, tak pisoni yo gak tambah kere lanangane, lapo yoan? onoke.. lek lanangane tak pisoni, sesuk teko wong 5 awake sak rambo nggepuki awakku, sampe rupone gak onok bedone karo tempe penyet...

tapi tenang ae rek... gak kabeh cewek ayu iku matre. buktine bojoku yo gelem nerimo aku opo onoke hehehe? masio aku lek ngorok isok nangekno macan turu...!! hahahahaha....ASU!

[Terusane...]

Minggu, 10 Januari 2010

Video Klip Cicak Nguntal Boyo

[Terusane...]

Kasus Antasari - Buktine lek Wong Indo Iku Pinter

Sopo ngomong lek wong indonesia iku goblok-goblok... culun-culun... otake mlakune gak standard, sampe onok guyonan, lek seumpomo otake wong indonesia iku dilelang bareng otake wong jerman mbek otake wong jepang, justru otake wong indonesia sing payu gedhe... soale jek segelan gak tau digawe...!!

Saiki wis terbukti lek wong indonesia iku asline pinter... malah luwih pinter timbang wong-wong nang CIA dek amerika kono... buktine yo gak usah adoh-adoh... Kasus Pembunuhan Nasrudin sing tersangkane Antasari tibakne mek akal-akalan bulus tok!!


Akal bulus mau digarap uwalussss banget sampe-sampe masyarakat sempet percoyo lek Antasari iku ancen penjahat. tapi terus terang, ket pertama kali kasus iku melbu nang TV aku iku wis duwe piling (moco: feeling) lek asline nang mburi iki pasti onok opo-opone...

Soale kudu diakoni pek.. lek kinerjone Antasari karo konco-koncone iku lumayan apik, sampe-sampe isok nyeret wong kejaksaan negeri. padahal ngerti dewe, sing kudune memberantas korupsi iku yo wong sing nang kono.

Wedhus gibas!! moro-moro nang kono iku wis dadi sarang penyamun paling... (iki paling lho...) hahaha...

Saiki sakmarine Williardi Wizard sing bengok nang pengadilan, giliran Susno Duadji sing nyanyi... wis embuh wong iku bener opo ora... sing penting saiki perkorone wis mulai jelas... dadakno diduga onok rekoyoso teko kasus iki...

Saiki gari ngenteni sopo sing akhire kenek molo... hayooo koen!!

[Terusane...]

Pengen Sugih Teko Internet? Mlebu Kene Rek...